“Griliya”
KARYA
: Oky Dwi Wicahyo
Untuk
Teater cap Jetak
GENDERANG
PERANG BERTALU TALU , TIGA ANAK SEPERTI PEJUANG MASUK PANGGUNG ,
BERLARIAN DAN PANIK.
awas
bom..bom..bom…!!!
KABEH
PODO TIARAP
Pejuang
1 : NGADEG CLINGAK-CLINGUK . ndi to ?...ndi to ?
Pejuang
2 : heh..tiarap..tiarap..
Pejuang
1: aku ki penasaran, ndi to enek bom ?? jarene enek bom ??
Pejuang
1 : loh kok wis gak enek suarane yo ? MELU NGADEG,CLINGAK-CLINGUK
Pejuang
2: ndi to? Jarenem enek bom..
Pejuang
1: kae lo delok to!! Ndase kompeni.. kae lo..
Pejuang
2: kae to ?? ndi to?? Apane rumbuk-rumbuk kae ??
Pejuang
1: lha yo kuwi, ketok melok-melok kuwi lo,
Pejuang
2: ndase putih kae.., oalah goblok ngono wae podo wedi. Kae genah
ndase wong ngarit.
Pejuang
1: loh mosok to ??
Pejuang
2: kowe ki keweden, halusinasi. Kae jelas-jelas wong ngarit
NOLEH
MENGGURI,NEBLEK PEJUANG 3 SING KAWIT MAU NDESEM.
Heh..!!
we ki mek’opo , ndesem wae. Pasaem obak ye !!
Pejuang
3 : lha jare enek musuh kok.. aku yo wedi..
Pejuang
2 : ancene jereh kabeh, gocik-gocik
Pejuang
1: halah koyok de’e kendel-kendelo dewe..
Pejuang
2: pancen kok, aku ora wedi blas.. wingi nek ngerti, ning ngarepku
enek tank. Gak kesuwen langsung tak parani dewe.
Pejuang
3: loh mbok serang dewe..?? tak akoni kenedel tenan kowe..
Pejuang
2: yo iyo., lha wong Tank mogok.
Pejuang
1: o..rainem koyo wani-wanio., njajal misale mau enek musuh tenan
paling kowe wis kecirit.
Pejuang
3: aku wedi nek teko ngarep. Nek teko ngguri ora..
Pejuang
1: yo pantes nek kowe jereh. Lha wong kowe perang ora modal. Delok to
iki bedile Pakku
Pejuang
2: yo senjatanem opo ? delok to iki Brem
Pejuang
1: heh Breem .., Brem kuwi panganan
Pejuang
2: eh iyo Breem..
Pejuang
3: iki lo senjataku NGACUNGNO PESO
KABEH
PODO NGGUYU SENJATANE PEJUANG 3
Pejuang
2: nek senjatanem koyo ngono yo tewas disik nu kowe
Pejuang
1: yo.lha wong musuhe tembak kabeh
Pejuang
3: musuhe tembak kabeh to.., alah ora bingung.
Pejuang
2: siap modar berati kowe
Pejuang
3: yo ora, nek aku arep dibedil yo langsung ndelik ning bokongem
to.., ngono ae kok bingung dakman..
Pejuang
1: lha iyo senjata kok peso, perang yo jelas matine ngarep dewe
Pejuang
3: yo kowe-kowe kuwi sing mati ndisik sak durunge perang
Pejuang
1: ;loh lha kok iso ?
Pejuang
3: kowe ojo ngremehno peso, masio cilik tapi manfaate
Ameh
perang rumangsanem gak butuh mangan ye ?!
Nek
ora mangan kowe mesti loyo, nembak dadi ora titis, ngendo yo kurang
lincah,mergo weteng lesu.
Lha
peso iki kenek dinggo ngiris bawang,ngrajang buncis,kacang,terong,
iris-iris sayuran opo wae sing kenek dipangan.
Pejuang
1 : yo bener bener.. tapi sakjane kene kudu nduwe senjata loro. Siji
gaman, siji bedil
Pejuang
2 : iyo bener.. nek senjatane kene lengkap mesti menang
Pejuang
3: urung karuan
Pejuang
2: kowe ki kudu optimis to dadi wong..
Pejuang
3 : lha yo pancen durung karuan tenan kok, kono senjatane luwih
lengkap, po maneh pasukane akeh, yo ahli pisan masalah senjata.
Pejuang
1: ora perduli, kalah urusan ngguri, nek wis kadung perang yo pantang
mundur. Ngko nek kalah berati mati sahid..hahaha kelbu suargo
nde..nde..
Pejuang
3: mati sahid telek, yo mati sia-sia kuwi to..podo karo kene ora sido
menang malah nyusahno petugas palang merah.
Pejuang
2 : lha terus piye !! ndelik terus ngono mangsudtem..?? malah
pecundang kuwi jenenge
Pejuang
3 : yo nyerang to tapi ora teko ngarep..
Pejuang
1: opo kuwi jenenge nek gak pecundang
Pejuang
3: yo ora nuw, iki jenenge malah kreatipitas. Nek mbok lawan teko
ngarep podo karo stor nyowo.
Perang
ora mek bondo nekad tok bro,, tapi yo pikiran.
Nek
teko ngarep kene jelas-jelas modar. Lagek mbedil dor.. kabeh mesti
podo mlengak, ha rung sampek mbedil maneh kono wis siap basoka, ciuuu
bluuum lhegar.. Aaaaaa…. Kelbu suargo, tapi liwat neroko sik.
Pejuang
2: kowe ojo malah meden-medeni to..
Pejuang
1 : heh.. ketok’e enek gerak-gerik’e musuh CLINGAK-CLINGUK
Pejuang
2: iyo..wuluku mulai mengkorok
Pejuang
3: alah perasaanem tok..
Pejuang
1: jajal to rasakno
Pejuang
3: iyo, hawane isis, enak, malah pengen turu rasane
Pejuang
1: heh.. tenanan iki., awas waspada
Pejuang
2: enek opo to sak tenane ?
Pejuang
1: awasi etan kulon
Pejuang
3: sepi ra enek opo-opo
Pejuang
2: iyo ra enek opo-opo ki ? halusinasi neh kowe
Pejuang
1 : sopo sing imunisasi.., aku iso ngrasakno gerak-gerik’e
Pejuang
3: koyo dukun wae kowe..
Pejuang
1 : opo iyo yo perasaanku tok
Pejuang
2: wis to santai wae, aman-aman
SUARA
BOM .. BLAARRR…TRAK..TRAK….DAAAR….DAAARRR
KABEH
PODO KEPLAYON MUNDUR, out.
II.
MARKAS LONDO
Kapten
Londo : hahahaha…, Jawa,Bali,Sumatera,Kalimantan,Sulawesi
pulau-pulau yang indah Hahahaha.., negeri yang subur kaya raya.
Pantas saja bangsa kita sangat tertarik ingin menguwasai tanah ini.
Mula-mula hanya bertamu, disambut ramah kemudian malah berhasil
merampas pelan-pelan tanah-tanah kekuasan dan juga pemerintahan
hahahahaha hebat..hebat…, Memang pantas kita orang belanda yang
memiliki negeri ini. Kita akan jadikan negeri ini negeri modern,
negeri maju.dimana kita akan menjadi penguwasa dan Orang-orang
pribumi menjadi budak kita hahahaha…, haahahaha…
Van
Boleg….Van San… cepat kesini…!!!
TEKO
ADOH VAN BOLEG KARO VAN SAN NYAURI..Ya kapten..si..si..siaaap …!!!
VAN
BOLEG KARO VAN SAN TEKO KARO SEMPOYONGAN, NING TANGANE BOTOL WISKI..
Van
Boleg : ada apa kapten ? aeek…
Kapten
Londo : kalian selalu mabuk-mabukan ya.., bagus..bagus.., jadi begini
cara kalian menjaga benteng. Kalian sama saja seperti mereka ya.,
bermental tempe mbus.., Goblok !!! Goblok !!!
Van
San : rilex saja kapten, kita punya banyak senjata mereka tak mungkin
berani menggempur benteng kita.
Kapten
Londo : apa kamu bilang !!! rilex!!! Ingat tinggal selangkah lagi
jadi kamu jangan main-main ya…, aku sedang berfikir keras agar
kita cepat bisa menguwasai bangsa ini. Pusing sekali..pusing…
Van
Boleg : jangan pusing-pusing kapten
Van
San : iya kapten., minum ini dulu kapten biar ringan
Kapten
Londo : MERAMPAS BOTOL WISKI heh apa ini !!
Van
Boleg : coba saja Kapten , nanti pusing-pusingnya pasti hilang
Kapten
Londo : oh ya ?!! MINUM, SEMPOYONGAN .., ooh.., Mbliyur-mbliyur, The
mumet., aku tidur dulu ya.., oh.. fly..fly..terbang..hahahhahaha..,
Van
Boleg dan Van San: selamat tidur kapten, semoga mimpi indah.
KAPTEN
LONDO FATE OUT.
HAHAHAHAHAHA….HAHAHAHAHA…
Van Boleg karo Van San ngguyu ngakak atine bungah
Van
San : ayo kita lanjut lagi hahahaha..,
Van
Boleg : hahaha..Hapy.., rilex, mabuk
hahahaha…oplosan..oplosan..oplosan..oplosaaan…..
TEKO
NJERO SUARANE KAPTEN LONDO BENGOK BENGOK
Kpten
Londo : Heeee…!!! Jangan berisik, aeek.., nanti kutembak pakai
pistol. You is death
Aku
mau tiduuur…aeek., kalian membuatku mabuuuk aeeek…
Van
San : ayo bos kita bersenang-senang dulu, orang java bilang ojo turu
sore-sore hahahaha..
PEJUANG
3 MULAI MELBU MARKASE LONDO
Pejuang
1 : heh.. langsung tembak !
Pejuang
2 : heh..ojo ngko koncone krungu., awak dewe iso dikepung
Pejuang
3 : lha terus piye iki..? diserang mbek opo ?
Pejuang
1 : diserang mbek pesomu
Pejuang
3 : ojo..
Pejuang
1 2 : kenek opo !
Pejuang
3 : pesoku kethul, lali rung tak ungkal, ngko nek bengok-bengok piye
?!
Pejuang
1 : lha terus piye iki ??
Pejuang
3 : sarungmu penguk po ra ?
Pejuang
1 : yo pol to penguk;e
Pejuang
2 : sarungku lagek bar tak umbah
Pejuang
3 : nyoh nganggo sarungku nek nuw, bar tak nggo nganduk;i pedet wingi
2
PRAJURIT LONDO BERHASIL DIBUNGKEM NGANGGO SARUNG PENGUK LAN APEG
SAMPEK SEMAPUT
Pejuang
3 : heh piye ?
Pejuang
2 : wis semaput kabeh iki,
Pejuang
1 : wah.. sarungem sekti tenan, terus piye iki ?
Pejuang
3 : lungguhno kabeh londo-londo kuwi, kemuli sarung, kowe cah loro
ndelik ning gegere, ojo sampek ketok
***
Kapten
Londo : Hey..hey.. apa apaan kalian berdua ini, katanya mau
mendem-mendem tapi kenapa e kenapa kalian malah kemulan sarung
seperti petani tebu…
Hey..
kalian jangan diam saja, mana minumannya, O.. kurang ajar, tinggal
sedikit ( glek..glek..ngombe wiski).
Bicara..
jangan diam saja, apa kau rindu pada negeri kita belanda hahahaha…
Tak
usah terlalu rindu, karena disini kalian akan lebih bahagia. Kita
adalah tamu disini, tapi karena mereka gampang kita bodohi, kita
bukan lagi sekedar tamu, melainkan kita ini adalah raja, calon
penguasa negeri yang subur ini hahahaha….
ABA-ABA
TEKO NGGURI
Pejuang
3 : Seraaaaaaang !!!!!
Pejuang
1 : angkat tangan !!!
Kapten
Londo : sabar mas…sabar …
Pejuang
2 : wis ora usah basa-basi, kowe sing ngebom pitikku to !!!
Kapten
Londo : ampun mas..ampun cak.., saya minta maaf
PAUSE
+ LAMPU SURUT,
LAMPU
ABANG NYENTRONG PEJUANG 3
Pejuang
3 : hahaha… tidak ada kata ampun bagimu…hore merdekaaa…!!!!
Merdekaa…!!!!!
PEJUANG
3 MLAYU MLAYU NGUBENGI PANGGUNG, AKHIRE KESANDUNG TIBO
LAMPU
SURUT
****
LAMPU
MURUP ALON-ALON
PEJUANG
3 ALIAS BOCAH SING JENENGE IPUL TIBAK;E NGLINDUR
Merdeka..merdeka…
K
: Pul..pul.. tangi..tangi
W
: he..tangi.. mek opo we turu ning kene ?
IPUL
TANGI GRAGAPAN, MATANE KRIYIP_KRIYIP
W
: digolek’I Pak’em kae lo.. malah enak-enak turu ning kene we..
K
: iyo aku sing dikon nggolek’i kowe., Pak’em bingung nggolek’i
kowe, jare pramuka kok durung mulih-mulih.
I
: iyo.. aku keturon ning kene awit dek mau, sampek ngipi-ngipi .
W
; yo wis ayo mulih, Pak’em selak bingung nggolek’I kowe ngko..
CAH
TELU NGALIH TEKO PANGGUNG