Jumat, 31 Mei 2013

Oky Bojonegoro: TAK BEGITU ASOLOLE

Oky Bojonegoro: TAK BEGITU ASOLOLE: ‘’kamu sudah tak pantas lagi jadi pacarku’’. Dengan senyuman memandang Nurmi lalu dipantulkan pandangan itu kearah lain. Gerak ...

Rabu, 15 Mei 2013

Oky Bojonegoro: Pitik Sobo Kebon

Oky Bojonegoro: Pitik Sobo Kebon: karya : Oky Dwi wicahyo #logat basa Bojonegoronan# #1 (Odi nggoleki pitike sing jenenge Saras,tapi ora ketemu,sampek Od...

Pitik Sobo Kebon



karya : Oky Dwi wicahyo

#logat basa Bojonegoronan#



#1
(Odi nggoleki pitike sing jenenge Saras,tapi ora ketemu,sampek Odi kesel dewe, terus ngomong sak karepe dewe koyo wong edan.)

ODI : Saras..Saraaas..!! pitiku sing tak sayang..saras..ning ndi to kowe..?? (klenga klengo nggolek'i pitike)
        Saras..Saraaas..!! ayo mulih to..,ning ndi to kowe? 
        ayo mulih to,,engko tak pakani sing enak enak.., aku nduwe beras,jagung,karo sego mambu,
        kowe mulih to..ora ora nek tak dol..

       (ngerti telek pitik) lha..iki telek'e.., opo iki yo telek'e Saras ???
        nek ndelok telek'e koyo telek'e Saras..
        opo dudu ?(penasaran) .opo iki telek kucing?? ( didulit nganggo kayu terus di ambu) 
        uuhhhh...(ngempet ambune telek)
        dudu..iki dudu telek kucing, sing bener iki telek'e pitik..
        iki telek'e Saras..
       (bengak bengok maneh,tambah banter)
        Saras...saras...saraaas.....!!!

YUNI TEKO MARANI ODI

YUNI : he..he..!! bengak bengak koyo wong stres ! karepem dewe opo kongkonan !?
          sopo sing mbok golek'i ?
ODI  : aku nggolek'i pitikku
YUNI : pitik wae mbok golek'i. nek wayahe mulih lak mulih dewe.., jenenge wae pitik..
         yo pengen dolan-dolan podo wae koyo wong. wis to ora usah kuatir
ODI  : yo jelas kuatir to Yun.., lha wis rong dino ra enek mulih kok..!!
YUNI : lha ning ndi no..? 
ODI  : lha kuwi aku ra ngerti . wis tak golek'i mrono mrene ra ketemu..
YUNI  : sing piye to pitik'em ? lanang po wedok ?
ODI   : wedok, rupane ireng, tak tengeri tali rafia sikile..ngerti po ra kowe?
YUNI : mboh..?? aku ra tau tumon pitik'em kuwi..
          ra tau mbok pakani paling pitik'em kuwi. mangkane minggat
ODI  : ee..aku sregep makani terus je.., saben isuk wis mesti.

TEKO MANEH BOCAH BOCAH TELU. BAYU, JOKO,DONI

BAYU : hayo..!! pacaran..pacarane...(mbedo Odi karo Yuni )
YUNI : Mbah'em pacaran !
ODI  : ra sah ngono le ! tak dopak mlarat kowe ngko ! (karo nesu)
BAYU : guyon guyon ..ngono wae nesu..(karo ngrangkul pundak'e Odi)
DONI : kowe mek'opo ning kene di ?
ODI  : nggolek'i pitikku Don..
JOKO : lha ning ndi no..?
YUNI : yo ra ngerti to..makane kuwi odi nggolek'i. enek sing ngerti po ra ?
BAYU : lha pitik'e sing piye ?
YUNI : ireng pokok'e
BAYU : lanang po wedok ?
YUNI  : wedok
BAYU : wis nduwe pacar po durung ?
YUNI : lambenem kuwi..!!
DONI : Yu Bayu..kowe ojo guyon to !! Odi ketok'e bingung tenan nggolek'i pitik'e
           lambenem ojo ngawur wae..!!
BAYU : loh aku takok tenanan to Don., nek pitike durung nduwe pacar berarti dek'e dolan nggolek pacar
           njajal to, golek'i ning ngguri omahe lek Widji. lek Widji nduwe ingon ingonan pitik jago akeh..
JOKO : lha piye Di..? wis kok golek'i ning kono po drung?
ODI : uwis., aku lagek bar teko kandang pitik'e lek widji..ora enek kok..
JOKO: atak'e di colong wong..?? 
DONI : wah..blaen nek ngono.., 
YUNI : ngko sik..ngko sik. ojo kesusu ngomong ngono..iki perlu di golek'i ndisik
BAYU : njajal di takokno wong pinter opo piye??
ODI : di takokno sopo ?
BAYU : kowe ngerti Mbah Jo po ra..sing omahe etane kebon gedang kae..
YUNI : ngerti ngerti.., sing winginane bar nambani wong kesurupan kae to..?!
BAYU : yo..bener., kuwi jenenge mbah Jo.. lha Mbah Jo kuwi wong pinter..
ODI : tenan po ra kuwi ? pinter teko ndi? Mbah Jo ora iso moco kok.,buktine oleh surat Undangan bancak'an,aku            sing di kon macakno..
JOKO : iyo ! wong Mbah Jo dewe nggole'i sandale sing jare ilang sak sisih wae ora temok kok..
DONI : mosok Jok?
JOKO : iyo..wingi pas mulih banca'an ning nggone Dhe Mus. sak enek'e wong podo melok bingung kabeh                          nggolekno sandale Mbah Jo..
ODI : lha akhire piye? temok po ra sandale..?
JOKO : yo ora temok to..digolek'i ning kono..! lha wong Mbah Jo dewe sing pikun..budal bancaan kok nganggo              sandal mek sak sisih..

(Yuni,Odi,Doni ngguyu ngakak karo critone Joko.., Bayu mek iso mesem tok)

DONI : ngono kok jare wong pinter..
BAYU : loh..kowe ora ngandel to Don..? masio to mbah Jo kuwi wis pikun, tapi wis sering di jaluk'i tulung wong                   akeh.., sing nambani mbak Siti pas kenek'an demit ning isore wit nongko kae sopo ?! negak Mbah Jo.,!
YUNI : tapi iki urusan pitik Yu.., dudu dhemit..
JOKO : tp nek nggolek'i pitik yo mending njaluk tulung Mbak Anis wae..
ODI : opo hubungane to jok? mbak anis kuwi lak kerjone dadi penyiar radio
JOKO : lha iyo.., kowe tau ngrungokno radio po ra? nek wayah mbak anis sing siaran? 
ODI : radio ku wis rusak to jok''
YUNI : aku gawene ngrungokno radio, enek opo i ?
JOKO : kuwi lho info kelangan barang.., koyo to kelangan dompet,kunci sepeda montor, KTP macem macem                     pokok'e. sopo wae sing kelangan iso njaluk tulung ning radio.., lha pitikmu sopo jenenge? umure piro?                   wulune wernane opo? terus tengerane opo? sebutno wae..ngko ben tak omongno ning mbak anis
          lha sesok mesti di umumno..
BAYU : halah ..gampang kuwi sesok yo kenek , saiki ayo melu aku, aku arepe ning omahe mbah Jo..(nglunyur                 melaku ngulon)
ODI : halah..mbuh, aku wis kesel..!! tak njajal mulih sik, nilik'i kandangku mbok menowo wis mulih pitikku ..(mlaku          ngidul)
DONI : aku melu Di..(nututi teko ngguri)
YUNI : nek ngono ku arep mulih wae..
JOKO : aku yo nek ngono..
 ( bocah bocah podo ngalih dewe dewe..,).

#2
PELATARAN NGAREP OMAHE NIMOK

(nimok nyapu latare. bayu liwat ngrepe)

 BAYU : sregepe cah cah..
NIMOK: yo kudu no., cah wedok kok,, padakno cah lanang..
BAYU : eee..ngono (wajahe ngece)
NIMOK : hee..!! pe ning ndi kowe? ngerti adikku po ra?
BAYU : aku pe ning omahe mbah jo.. mboh aku ra roh adikmu ning ndi.!?.,.cah kuwi senengane ngluthus                          wae..kolo-kolo kaploken ngono lho..cah kok ra tau sobo omah..
NIMOK : halah..kowe dewe yo ra tau sobo omah ngono kok.., Pak'em gawene sambat bingung nggolek'i kowe..,                kongkon ngisi genuk kok malah ngilang wae..
BAYU : kowe kok ngerti wae to Mok.., 
NIMOK : lha ngono kuwi arepe ning ndi njajal ? cah kok nglayap wae.., 
BAYU : aku to ?! aku arepe ning omahe mbah Jo,, nakokno pitik'e Odi, jare wis rong dino ilang..kowe ngerti po ra               Mok ?   pitike wedok, terus ulune rupane ireng 
NIMOK : aku ngerti..! (mripate karo mlorok)
BAYU : ning ndi ?
NIMOK : pitik'e wedok to ?
BAYU : yo..
NIMOK : rupane ireng ? 
BAYU : yo.., ning ndi ? ning ndi ?
NIMOK : ning pasar pitik akeh 
BAYU : gidalem meduk ...!!  kene takok tenan tenan kok..!
NIMOK : lha yo ning pasar pitik..hihihi ( ngguyu cekikik'an)
BAYU : O..titenono kowe yo ! 
NIMOK : gelo we ?! 
BAYU : wis mboh..! ra ngurusi rainem..!! ( karo mlaku nglunyur ngulon)
NIMOK : (mbengok'i Bayu ) Yuuu..nek tumon adikku kon muleh yo..!!
BAYU : (nyauri teko kadohan) ..,halah mboh (karo nesu)

(Nimok nerusno nyapu latare karo nggeremeng dewe )

NIMOK: ee..bocah kok kawit isuk dolan ra mulih mulih.., ?? ngono kuwi nek ora munggah kelas aku diseneni karo               Mak jare dadi mbak ra tau nyinauni adik'e..

KRUNGU SUARA TANGISAN SOKO KADOHAN, SOYO CEDAK,LAN SOYO JELAS NEK KUWI SUARA TANGISE RAGIL ADIK'E NIMOK

RAGIL : Huuuaaaaaaaa...!!!! huuuuaaduuuh..!!!

(Ragil nangis,sambat,karo nyekeli borok'e ning dengkul sing gobrah getih)

NIMOK : sukur..sukur..kapok'em kapan !! (nyukurno adik'e)
RAGIL : huaaaaa...huaaaa..aaaaa!! (tambah banter lek nangis) Huuuaa!! (terus kosel kosel)
NIMOK : ee..malah kosel kosel,, (njewer kupinge ragil) gembeng..saben mulih dolan mesti nagis.., kenek opo
            meneh  kuwi borokmu, wong borok wis arepe mari kok dinggo klayapan wae,, delok kuwi gobrah getih..,               sukur raskano!! ?!!
RAGIL : Huuuaaa....!!!! borokku dicucuk pitik ning kebon gedang ...haaaa....(karo nangis)
NIMOK : salahe sopo !!! sopo sing ngongkon blakraan turut kebon gedang,, kok ora dicokot ulo pisan..!!! 
             ayo ngadeg !! wis ra sah nangis..!! 

(Ragil tetep wae nangis ora meneng meneng ..)

TEKO ODI KARO DONI

DONI : Mok Mok cah cilik kok mbok peloro...!! ra ngesakno..
Nimok :ngerti opo kowe don.., cah iki dolan kawit mau isuk, saben mulih mesti nagis. sopo sing gak pegel                           ngrasakno...
ODI : wis Gil..meneng to ! jo nangis wae.., kenek opo kok nangis ??
RAGIL : huuaaaa..!!! ( karo ndudingi borok'e sing gobrah getih di cucuk pitik )
ODI : loh..lha adik mu dengkule mlocot to mok.., (njenggilengi dengkule ragil)
DONI : (tambah meden medeni) lha iki ngko di operasi ning rumah sakit,terus disuntik ping papat yo Di..

(Ragil wedi, tangise tambah banter karo njerit njerit koyo wong kesurupan )

ODI : heeeh..meneng !!! ora  ora, kowe di bujuk'i Doni..
NIMOK : Ooo Doni isone meden medeni wae..
DONI : (mringis).., adik'em guembeng to Mok..
ODI : lha dengkule kok iso ngono lo piye polahe..???
NIMOK : tak sukurno, salahe sopo blakraan turut kebon gedang terus borok'e dicucuk pitik..sukur ! kapok ! mben                diraskno kuwi ..!!
ODI : loh ..!! dicucuk pitik ning kebon gedang ndi ..???
NIMOK: ndi maneh nek gak kebon gedang etan omahe mbah Jo..
DONI : loh..Di.., pitikem..., ?? (karo mlongo )
ODI : Saras...!!! ayo don..!! (jeranthal mlayu ning kebon gedang,, Doni melu mlayu pisan)
NIMOK : hee..enek opo ??? ( kaget delok pelayune Odi karo Doni ).

#3
(KEBON GEDANG ETAN OMAHE MBAH JO)

( tibak'e ning kono wis enek Bayu ,)

BAYU : Di cepet..cegati..!! lha kae pitikem sobo kebon gedang !! ayo cepet di cekel !

(cah telu podo playon ngetan ngulon ,ngalor,ngidul.. ngepung saras pitik'e Odi)

DONI : Yu..Bayu,, cepet cegati teko kene..

ODI : Saras...Saras... (nyeluk'i pitike)..ojo mlayu saras...

BAYU : Di..Odi...ning kene..iki lho..cepet to ndang mrene..!!! loh..wis mlayu ngidul..,Don..cegat kono Don....ojo                   sampek mlayu ngalor...

DONI : hee..cepet rene..iki lho cekel pitike'e.., !!! halah ucul maneh..Di..mlayu mrono pitik'em.., cepeet  cekel..!!

(teko adoh Odi ngguyu bungah )

ODI : horeeee..!!! Yuuuu...Bayu ,Doooon..Doni..!! (mbengok'i bayu karo Doni),  Saras wis kenek , delok to iki..pitikku wis tak cekel.  oalah.. Saras Saras..

#selesai*
Feb 2012